Sing jenenge Gembus kue panganan khas daerah Cilacap utawa
daerah Banyumas. Gembus kue warnane putih bentuke kaya donat tur rasane gurih, apa maning nek isih anget pasti
empuk tapi mandan kenyil-kenyil nek wis adem. Gembus cocoke
di maem karo sambel pecel, nek ora ya karo caos indofood. Jian mantap’e poll
apa maning nek lagi musim udan utawa
musim adem.
Bakul Gembus sing nang daerah Kebumen, Foto by
sahabat Guyon Banyumasan.
Gembus gawene sekang Budin (Singkong), nek ora ngerti ya
Boled. Bahan bakune gampang banget di goleti, neng endi bae ana tapi kudu bisa
milih. Milih Budin (Singkong) kudu sing empuk, sing mempur . Carane ngawe be
gampang tulih, kur nek wis
di oceti (di kupas), kumbah bersih langsung di kukus (di dang) terus di tumbuk
alus pisan kaya gawe getuk. Nek wis
alus dadi adonan terus di gawe kaya donat cilik-cilik, bar kue di angin-angina
men mandan kisat.