Jumat, 12 April 2013

Tentara Gelut Karo Polisi Sing Menang Hansip



Ceritane ana tentara karo polisi agi padha padu rame banget nang nggon wong mbaranggawean. Jalarane mbuh apa sing jelas kuwe gole padu wis rame banget kabeh kewan wis pada dithokna, gari bat bet thok. Padahal kuwe wong loro nganggo seragam lengkap sing polisi ya nganggo seragam lengkap jenenge Jimy Kucluk, nek tentara jenenge Robet Daplun.
    Mbarang wis ece...ecean ngasi raine wong loro kuwe pada abange ireng ujug-ujug loro-lorone nyabut pistol sekang wadaeh.
Weruh kaya kuwe wong-wong sing pada kondangan langsung pada mlayu pecicilan padha keweden mbok kena pelor nyasar.
    Lagi tegang-tegange arep pada tembak-tembakan, ana Hansip tuwa sing agi jaga nggon mbaranggawean langsung marani tentara karo polisi sing arep bedil-bedilan. Weruh ana Hansip sing marani wong loro mau terus ketone kaya arep misah, wong-wong dadi pada kamitenggengen keweden.
    Ora nana wedine Hansip mau malah langsung kesuh-kesuh ngomaih tentara karo polisine. Kambi malang kerik Hansip sing kendel banget kuwe ngomaih entong-entongan maring aparat loro mau. Jenenge wis padha panase domaih nang Hansip ya jelas ora pada manut tetep bae tentara karo polisi mau wis acung-acungan pistol. Mbarang omongane ora digugu Hansip mau malah melu bae emosi terus kuwe polisi karo tentarane dikeplaki siraeh... plak..... plak....

    Mbarang Dikeplak, polisi karo tentara mau terus pada meneng nyimpen pistole dewek-dewek, raine pada ditekuk terus pada lunga dewek-dewek ngadoih sekang ngggon mbaranggawean.
    Weruh kaya kuwe wong-wong sing pada kondangan langsung pada keprok... prok..prok..prok... Hidup Pak Hansip...Hidup Pak Hansip...Hidup Pak Hansip...
    Wong-wong mau mbanjur pada ngrubungi Pak Hansip sing kendel banget mau. "Jan pak inyong salut banget marang rika loh, kuwe polisi karo tentara bisa-bisane dikeplaki nang rika terus dadi pada meneng, rika sih nduwe ilmu apa..?" wong sing kondangan takon.
"Kuwe ilmu kuno, jenenge ilmu pranakan, bocah loro mau kuwe anakku, kawit cilik gaweane gelutan angger durung dikeplak ramane ya urung mandeg," Pak hansip gole semaur sante banget.(*)sumber Radar Banyumas

Tidak ada komentar:

Posting Komentar