Rabu, 20 Maret 2013

Gembus enak asal Banyumas lan Cilacap


Sing jenenge Gembus kue panganan khas daerah Cilacap utawa daerah Banyumas. Gembus kue warnane putih bentuke kaya donat tur  rasane gurih, apa maning nek isih anget pasti empuk tapi mandan kenyil-kenyil nek wis adem. Gembus cocoke di maem karo sambel pecel, nek ora ya karo caos indofood. Jian mantap’e poll apa maning nek lagi musim udan  utawa musim adem.

 Bakul Gembus sing nang daerah Kebumen, Foto by sahabat Guyon Banyumasan.

Gembus gawene sekang Budin (Singkong), nek ora ngerti ya Boled. Bahan bakune gampang banget di goleti, neng endi bae ana tapi kudu bisa milih. Milih Budin (Singkong) kudu sing empuk, sing mempur . Carane ngawe be gampang tulih, kur nek wis di oceti (di kupas), kumbah bersih langsung di kukus (di dang) terus di tumbuk alus pisan kaya gawe getuk. Nek wis alus dadi adonan terus di gawe kaya donat cilik-cilik, bar kue di angin-angina men mandan kisat.


Ngawe Gembus prosese  waktune awit isuk sampe sore, nek wis sore nembe bae bisa di goreng. Biasane jere bakule tah, gembus bisa tahan sampe tekan 3 dina utawa 4 dina. Kemungkinan nek kesuwen ya mambu (Bau),soale langka bahan pengawete (Tanpa bahan pengawet).

Jaman mbiyen jamane urung maju, nek arepe tuku Gembus ya ndadak nek ana tontonan disit. Jaman biyen kan nonton wayang,nonton ketoprak, terus nonton layar tancep pasti neng  lapangan sepak bola sing amba. Nah, biasane bakul Gembus nek ana tontonan pasti mangkal sampe subuh, pokoke sampe tontonane rampung utawa nek dagangane entong nembe bali. Ciri-ciri bakul Gembus jaman biyen pasti ngawa pawon cilik loro wajane mandan ireng-ireng, ngango sumpit gede karo sutil, minyak lentik sing pasti ngawa suluh.

Ngoreng Gembus kudune minyake panas, terus di wolak-walik karo sumpit gede, di tusuk-tusuk ngango sumpit nek wis mateng di sorok delahna nang tampah. Bar mateng kue di entas nang tampah terus nembe bae di kanteti karo welad sing dawa. Nek ana sing tuku pasti njaluke sing panas,terus nek mbiyen isih murah. Tuku nsewu be olih sekantet, mungkin isine bisa nyampe sepuluh wiji.

Gembus sing wis mateng

Jarene bakul Gembus pasar Tengok ,Tinggar Jaya, nek adol siki paling neng pasar tok , kasile ya lumayan bisa ngo nyambung uripe,lah wong bakule wis nini-nini .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar